Aleksander Ngadus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Alèksander Ngadus ya iku Ketua Adat ing wewengkon Waé Rebo, Désa Satar Lenda, Kecamatan Satarmese Barat, Kabupatèn Manggarai, Nusa Tenggara Timur (NTT).  Dhèwèké dadi ketua adat saka taun 2011. Wiwit Wae Rebo dibukak dadi tujuan wisata, ing taun 2018, Alèksander duwèni tugas tambahan. Gantian karo sesepuh liyané, dhèwèké kudu tansah siaga nyambut wisatawan . Dhèwèké tansah mimpin ritual adat panampa tamu ana ing rumah adat ( mbaru gedang ). Mbaru gedang ya iku Omah kang digawé saka saka kayu sing dibentuk kerucut uga kagolong omah panggung. Jogan sing adohé saka lemah luwih saka sakmèter. Omah iki duwèni diamèter 12 mèter, duwuré 13-15 mèter  kapérang dadi lima undakan kanthi guna béda-béda. Paling ngisor ya iku Lotur, papan panggonan kanggo kumpul karo keluarga. Kapindo Lobo, papan panggonan kanggo nyimpen piranti padinan. Undakan ketelu ya iku Lentar kanggo nyimpen stok pangan. Kepapat Lempa Rae kanggo nyimpen pangan nalika mangsa panèn ora kasil. Sing paling nduwur ya iku Hekang Kode, papan panggonan kanggo nyèlèh sesajèn kanggo para leluhur. Ana ing omah iku, gendang sing dipunagem kanggo ritual-ritual adat disimpen.


Kauripan[besut | besut sumber]

Nalika jam 18.00 WITA dina Rebo (7/2/2018), Alèksander sila utawa tapa ing antarané omah adat liyané sing bentuké kerucut. Alèksander tapa kanthi cara sila lan nganggo sarung ijo.. Dhèwèké uga dikancani sakgelas kopi lan pangsi kain sing isiné mbako. Manuk Seriawang mabur ana ing awing-awang sakduwuré omah Mbaru gedang kuwi minangka salah sijiné sing dilakoni Alèksander supaya nilai-nilai luhur saka leluhuré tetep lestari. Dhèwèké uga mesthi dadi pamimpin ritual adat nrima tamu ing omah adat (mburu gendang) supaya bisa dijaga leluhuré sasuwéné ana ing tanah Waé Rebo. Upacarane diarani Waé Lu'u. Dhèwèké uga mènèhi pangertèn babagan paugeran sing ora kena ditrajang saksuwéné ana ing Waé Rebo. Salah sijiné, kudu nganggo klambi sing trep.

Alèksander dadi salah sijine tokoh sing nyurung warga supaya padha njaga warisan saka leluhur. Mituruté, Waé Rebo dadi salah sijiné déstinasi wisata sing tarafé internasional, amarga ana pitung omah kerucut utawa mbaru niang sing ana ing Waé Rebo. Sak durungé di apiki omahé wiwit 2007, omah-omah kuwi kira-kira umuré wis sak abad. Minangka pemimpin ketua adat, dhèwèké ngilangke telu upacara adat sing biasane dilakoni saben taun nailkane Waé Rebo rame ditekani wisatawan.[1]

Adat[besut | besut sumber]

Nalika taun 2007, Alèksander minangka ketua adat bakal ngilangna upacara sing dilakoni saben taun. Upacara iku dilakokaké kabèh warga sing ana ing Waé Rebo sing ana ing daérah kana lan sing ana ing daérah liya kudu  bali menyang désa. Upacara sing kapisan lan kapindo dilakokaké saben wulan Méi lan Oktober ya iku Kasa wiang sing kalakon kanggo ngurmati para leluhur. Nalika wulan Méi, upacara kalaksanan nalika miwiti mangsa tandur. Ana ing Waé Rebo sing dikenal yaiku kopi sing thukul sesandingan karo alas sing akèh wit-witan paku-pakuan, perddu, lan végetasi kayu kaya déné wowor, pinus, kemiri, meranti, lan ficus. Nalika ing wulan Oktobér sawisé mangsa panen upacara kalakon ugi panen kopi minangka komoditas utama ing Waé Rebo kanthi jembar kebon 200 hektar. Kopi minangka salah sijiné asil sing paling utama lan cara gawéne iseh nganggo cara tradisional. Upacara kuwi jenengé Penti. Biasané uga dibarengi tari Caci, ya iku tadi sing kadhapuk saka seni music, swara, lan gerakan. Upacara iki kalakon ing omah adat nganggo sajen awujud ati pitik sing wis dimasak lan sega disimpen ing watu sing disusun ing ngarep omah adat. Ancasé ya iku kanggo ngèlingna rasa syukur marang Gusti.

Seni Tradisi[besut | besut sumber]

Saliyané kuwi, Alèksander uga nyurung para warga supaya njaga warisan karya seni, ing antarané kerajinan tenun cura. Biasane kalakon dening ibu-ibu mapan ana ngarep omah lan dadi delengan para wisatawan. Warga uga iséh nglestarikna musik tradisional mbata. Mbata ya iku musik tradisional sing nggambarna rasa sumringah lan rasa syukur marang Gusti , alam lan leluhur. Alat- alat kuwi sinimpen ana ing omah adat gendang. Wong lanang wadon kanthi lirikan lan nembang minangka rasa syukur bebarengan seneng-seneng diiringi tabuhan gendang lan gong. Cakepan tembang isiné pesan babagan kauripan, rasa tresna, paseduluran, perjuangan urip. Mbata saiki wis dadi pagelaran sing bisa dideleng para wisatawan.

Prestasi[besut | besut sumber]

Organisasi pendhidhikan, keilmuan lan kabudhayan PBB (UNESCO) mènèhi penghargaan Awards of Excellence 2012 kanggo konservasi kampong adat Waé Rebo. Kahanan Waé Rebo sing adoh ana ing tengah alas, malah mènèhi bathi kanggo nglestarikna desa kana. Amarga, wisatawan kudu usaha kanggo bisa tekan panggonan kuwi.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Finesso, Gregorius M; Jemali, Videlis (2018-06-19). "Aleksander Ngadus Menjadi Benteng Budaya Wae Rabo". Kompas.