Naraguna:Addiena Queen Lungayu/Koinobori

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Koinobori

Koinobori (こいのぼり, 鯉のぼり, atau 鯉幟 bendera koi?) ya iku gendéra iwak kang bentuke koi kang mabur ing omah-omah ana ing Jepang dening wong tuwa sing duwe anak lanang . Koinobori dilakoni kanggo nyambut perayaan Tango no Sekku .

Miturut kalender Tionghoa, Tango no Sekku tiba ing tanggal 5 wulan 5 nalika Asia Wétan ana ing mangsa udan . Wong tuwa sing duwe anak lanang maburake koinobori nganti dina tango no Sekku kanggo ndedonga supaya anak lanangé dadi wong dewasa kang sukses. Sawise Jepang migunakake kalender Gregorian, Koinobori diunggahahake nganti dina bocah ( 5 Mei ). Koinobori kang mabur melu arahing angin wis dadi simbol perayaan Dina bocah. Menawa jaman biyen koinobori dimaburake ing tengah mangsa udan, koinobori biasane ngelingake Jepang babagan langit biru kang cerah ing pungkasan mangsa semi .

Saset Koinobori kalebu saka ryūdama, yaguruma, fukinagashi, lan gendéra- gendéra awujud iwak koi.

  • Ryūdama (bal naga)
Bal kang bisa muter dipasang ing pucuk paling ndhuwur tiang panggonan ngaburake Koinobori.
  • Yaguruma
Roda berjari-jari busur kang dipasangake ing sangisore ryūdama . Ryūdama lan yaguruma dipracaya minangka roh jahat.
  • Fukiganashi
Sarung angin kang diwenehi gendera lima werna ( biru, abang, kuning, putih, lan ireng ) utawa gambar iwak koi. Fukinagashi nglambangaké 5 unsur ( kayu, geni, banyu, lemah, lan logam ), lan dipracaya minangka tolak bala saka kabeh lelara.
  • Koinobori Hitam ( Magoi )
Koinobori werna ireng sing nglambangake bapake dimaburake ing sangisore Fukinagashi .
  • Coobobori abang ( higoi ) lan werna Koinobori liyane
Koinobori liya kang ukurane luwih cilik dimaburke ing sangisore koinobori werna abang. Jaman saiki, koinobori abang nglambangaké ibu, koinobori biru nglambanganke putra sulung, lan koinobori ijo nglambangake putra kaping pindho.
Koinobori mabur ing tengah sawah. Koinobori sing ora dipasang ing tiang nanging nggunakake tali.

Ing Buku Han Final ( Hou Han Shu ) minangka salah sawijining buku sejarah resmi China ( Sejarah Dinasti Rong Puluh Empat ), dicritakake babagan curug ing kali Kuning kang lakune banyu deres. Iwak-iwak padha nyoba menek curug, nanging mung koi kang bisa menek curug lan berubah dadi naga . Mulane, koi kang bisa numpaki curug digunakake minangka simbol kasuksesan ing urip.

Tradisi maburake koinobori ing latar ngarep omah diwiwiti dening kalangan samurai ing tengahing jaman Edo . Dheweke duweni tradhisi ngrayakake Tango no Sekku kanthi cara majang peralatan bela diri, kayata yoroi, kabuto, lan boneka samurai . Saliyane kuwi, dheweke gawe koinobori saka kertas, kain, utawa kain bekas kang dijahit lan digambari iwak koi . Koinobori digawe supaya bisa dimaburake lan menggelembung nalika kena angin.

Lukisan koinobori saka periode Edo dening Hiroshige ( Bukit Suruga lan Jembatan Suido ) saka Pemandangan Seratus Edo Edo

Ing wiwitan, wong Jepang mung maburake koinobori warna ireng kang diarani magoi (真鯉?) . Koi kang dimaburake ing paling ndhuwur nglambangake anak lanang mbarep ing kulawarga. Minangka hiasan kang digawe kanggo ngregengake prayaan, koinobori warna liyane uga wiwit digawe, lan kabeh mau nglambangake anak lanang ing kulawarga. Wiwit jaman Meiji, koinobori warna abang kang sinebut higoi (緋鯉?) wiwitan dimaburake kanggo ngancani koinobori warna ireng. Tradisi maburake koinobori biru diwiwiti saka jaman Showa . Ukuran koin biru ( kogoi, 子 鯉) luwih cilik tinimbang koinobori abang utawa ireng, lan mralambangake anak koi.

Ing jaman saiki, kerep ditemoni koinobori warna ijo lan oranye kang diarani dadi anak koi. Ing sawetara panggonan ing Jepang, koinobori ora mung dadi duwene bocah lanang. Koinobori kang nglambangake anane bocah wadon ing kulawarga uga pengin melu dimaburake. Kasedhiya koinobori warna cerah, kayata oranye, bisa uga ditrapake kanggo kulawargane kang duwe anak wadon.