Muhammad Soleh Adipramono

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Muhammad Soleh Adipramono (miyos 1 Agustus 1951) ya iku sawijining tokoh masarakat kang ana nèng Dhusun Kemulan, Desa Tulus Besar, Kecamatan Tumpang, Kabupaten Malang, Jawa Timur. M. Soleh Adipramono utawa Ki Soleh ya iku seniman ana ing kéné, dhèwèké njaga kabudayan wayang topèng supaya kesenian kuwi ora ilang kepangan jaman. Ora mung koreografer, Ki Soleh uga mucal tari ing Padèpokan Mangun Dharma kang ana ing ngisor Gunung Semeru, digawé wiwit taun 1989. Ki Soleh uga kerep dadi pambiwara nalika ana adicara-adicara ing njaba. Ana ing pendhapa iki uga kerep karawuhan tamu kang padha nggolèk kawruh bab wayang topèng. Tamu ana ing kéné ora mung saka mahasiswa seni ing dhaérah kéné, ananging uga seka luar negeri yaiku Amerika Serikat, Belanda, Inggris, lan Australia. Jumlah murid Ki Soleh saiki kira-kira wis 600 uwong, sing asalé saka mahasiswa ana ing Malang uga warga dhaérah kana. Ki Soleh ora tau njupuk dhuwit saka mulang kesenian iki. Kabèh sing sekolah nèng kéné gratis, sapa waé oleh nimba kawruh. Murid Ki Soleh ora mung sinau tari, ananging ana sing liya, kaya ta jaranan, bantèngan, pedhalangan lan karawitan.[1]

Wayang Topeng[besut | besut sumber]

Wayang Topeng ya iku seni pertunjukan teater tradhisional kaya déné kethoprak, ludruk, lsp. Bédané iku  kabèh paraga ing wayang topèng nganggo topèng saéngga ora isa guneman. Ana kéné dhalang sing dadi narator lan sing makili kabèh dialog paraga. Kabèh crita ana ing wayang topèng  kacaritan saka crita lakon-lakon Panji (Siklus Panji/Roman Panji) ya iku Malat, Wasing, Wangbang-Wideha dan Kisah Angraeni (Zoetmulder [1974] terjemahan Dick Hartoko, 1983:532-539).[2] Wayang Topèng utawa Tari Topèng Malang iki uwis lumebu nèng salah sawijining Warisan Budaya Nasional saka Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan.[3]

Tata Urut Pagelaran Wayang Topeng[besut | besut sumber]

Diwiwiti saka Gending Giro kanthi nabuh gendhing eleng-eleng, Krangean, Loro-loro, Gendhing Gondhel lan pungkasan Gendhing Sapu Jagad. Kanggo pambuka Wayang Topeng Malang biasane nganggo Tari Beskalan Lanang (Topeng Bangtih), banjur diterusaké karo Jejer Jawa (Kedhiri), Perang Gagal (Selingan Tari Bapang), Adegan Gunungsari-Patrajaya, Adegan Jejer Sabrang (Klana Sewandana) lan adegan Perang Brubuh dan Bubaran (Supriyanto lan Adipramono, 1997:4).

Sejarah Wayang Topeng[besut | besut sumber]

Tari Topeng Malang ana wiwit abad ke-8 M masa Kerajaan Kanjuruhan nang ngisor Raja Gajayana. Ing jaman sakmenika topeng digawé saka watu lan bagian saka adicara ibadah, banjur topeng digawé dadi seni tari ana ing mangsa Raja Erlangga. Mulabukane Tari Topeng Malang iki ya iku pengaruh saka india amarga perkembangan sastra ana ing jaman sakmenika akeh entuk pengaruh saka Sastra India lan agama sing dienggo ya iku agama hindu jawa. Wayang Topeng Malang uga njupuk crita-crita saka India, kaya ta kisah-kisah Mahabarata dan Ramayana. Wayang Topeng ini dipakai sebagai media komunikasi antara kawulo dan gusti, antara raja dan rakyatnya. Perubahan cerita-cerita dalam Wayang Topeng bermula di jaman Kertanegara di Singasari. Pada waktu itu cerita yang diambil dialihkan ke cerita-cerita Panji yang mengisahkan kepahlawanan dan kebesaran kesatria-kesatria Jawa, terutama masa Jenggala dan Kediri. Beralihnya cerita di dalam kesenian ini adalah sebagai bentuk identitas kebesaran raja-raja yang pernah berkuasa di Tanah Jawa. Adapun rekontruksi cerita Panji oleh Singosari adalah suatu kebutuhan untuk membangun legitimasi kekuasaan Singasari yang mulai berkembang.

Prestasi[besut | besut sumber]

  1. Festival Dalang ing Pekan Wayang Jawa Timur (1997)
  2. Seniman Kreator saka Gubernur Jawa Timur (2000)
  3. Pagelaran wayang topeng saka Dinas Kebudayaan Provinsi DIY (2017)

Wiyata[besut | besut sumber]

Ki Soleh nate sekolah ana ing SD Wonomulyo, SSMP Wignyamandala Tumpang, SSMA Latihan IKIP Tumpang, banjur SSMA Konservatori Karawitan Surabaya

Kulawarga[besut | besut sumber]

Wiwit cilik, Ki Soleh wis ora asing karo sing jenengé seni, amarga simbahé ya iku Ki Rusman maestro wayang topeng, lan gawé komunitas wayang topèng taun1916 - 1918. Ora cukup simbahé, pakdhéné Ki Tirtonoto ya iku dhalang wayang kulit lan guru ing Sekolah Seni Konservatori Karawitan Surabaya. Seka pakdhéné iki, Ki Sholeh sinau bab wayang topèng lan pedhalangan. Bapakné Ki Soleh ya udu wong biyasa, Sapari jenengé, ya iku dhalang macapat.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Werdiono, Defri (2018-07-26). "M Soleh Adipramono Penjaga Wayang Topeng Malang".[pranala mati permanèn]
  2. "Wayang Topeng Malangan". 2018-04-04.
  3. "Wayang Topeng Malang". Diarsip saka sing asli ing 2019-10-11.