Carlos Titahena

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Carlos Titahena ya iku salah sawijining masarakat ingkang gesang rekaos utawa sederhana ing salebeting bebrayan Indonesia. Menawi namung mirsani saking tebih raosipun awrat mangertosi lampahing gesang masyarakat. Mangertosi tiyang sanesipun kedah dipunwiwiti kanthi tumut ing saben dintenipun kados ingkang dipunlampahi dening Carlos Titahena. Dheweke gadhah kanca jenenge Dance Latumutuani ingkang sami gesang rekaos ing salebeting bebrayanna guna terus nglangsungake kahuripan. Carlos lan Dance menika sami mapan ing Pulau Seram, yaiku ana ing Desa Piliana, Kacamatan Tehoru, Kabupaten Maluku Tengah, Maluku. Piliana ana ing perengan Binaiya, yaiku salah sawijine pitung puncak ingkang langkung inggil ing Indonesia. katah tiyang yen nyebutna “Negeri ana dhuwur awan” amerga kampung iku ana ing puncak paling dhuwur lan kerep ketutup awan sing gawe desa iku dadi desa kang asri.

Kangge tindak dhateng desa pilihanipun menika boten gampil. Supados saged dugi mrika kedah ngginakaken transportasi pulang pergi saking pulo Ambon, nyebrang nitih baita antawis setunggal jam langkung sepalih, dumugi masohi ibukota kabupaten kasebat, banjur numpang mobil sing liwat pesisir selatan Pulau Seram nganti 122 kilometer yaiku 2 jam. Sakbanjure numpak mobil utawa ojek nganti 8 kilometer lan  munggah medan ingkang tajam lan dalan ingkang risak.[1]

Kauripan[besut | besut sumber]

Carlos ngadhahi profesi ya iku minangka pandhita ing Gereja Protestan Maluku saking Kutha Ambon iku awit 2011 mapan bebarengan kaliyan warga pedalaman sanesipun. pitung warsa ing salebeting bebrayan, Carlos mangertos kados pundi masyarakat ing mrika. minangka Pandhita ing tiyang lebet, dheweke nggadhahi kaluwihan yaiku bisa nyengkuyung atawa ngatasi prakawis ingkang asring kadaden ing mrika. Warga ingkang gerah, lare medhot sekolah, ngantos njagi wangunan infrastruktur ngandhap ing tiyang lebet.

Ora  keitung yen pasien sing digawa Carlos supaya dipriksa ana Puskesmas kecamatan sing jarake kanthi 30 kilometer saka  kampung. Di Piliana boten wonten petugas medis. Ing mrika wonen puskesmas keliling ananging Wonten rantaman lan boten namtu. Warga ingkang gerah lan Boten kagungan arta, kapeksa nahan sesakit, malah ngantos nilar.

“wong gunung iku ngutamake rasa, dheweke padha ora gelem gawe susah wong liya sahengga padha ora gelem menehi kabar yen dheweke lara. Yen aku krungu iku, aku langsung teka lan ngajak Menyang dokter,” tutur Carlos.

Boten cekap dumugi menika. Kangge mbelani tiyang2 gunung, carlos asring kalilit wawan pangandikan kaliyan juru kasarasan. Nate wonten pasien badhe priksa ngginakaken Kartu indonesia Sehat (kis), nanging kaliyan juru puskesmas, kertu menika dipuntedahaken boten aktif. Juru kasarasan lajeng nyuwun supados pasien ngurus KIS rumiyin dhateng ibukota kabupaten. Ningali tumindak menika, carlos duka. piyambakipun lajeng mandhegani pamriksan menika ngangge jalur reguler. menawi dipunsuwun ngurus piyambak, menika boten badhe kalampahan. tiyang gunung ingkang sekedhik pangertosan langkung milih kondur dhateng griya. Pawartos saking kompas, atusan warga ing desa cacah 696 tiyang menika kagungan KIS, ananging boten aktif. Carlos sampun ngendika pamerintah dhaerah kangge nyekapaken prakawis menika.

Kirangipun layanan kasarasan ndadosaken para warga enggal-enggal nyekolahaken putranipun dados juru rumat lan bidan. Ancasipun menawi cekap anggenipun kuliah, para putra saged mandhegani dhateng kampung menika. Carlos ugi nyaosi arta salah satunggaling mahasiswa saking desa Piliana yang kini sedang kuliah ing universitas pattimura Ambon. mahasiswa menika nyepeng dhateng griyanipun carlos ing ambon. setunggal malih lare SMA ingkang carlos padosaken tiyang sepuh ing Ambon. putra-putri Piliana ingkang lulusan sarjana sampun sekawan tiyang. Sakmenika, Carlos nembe pados tiyang mudha Piliana supados melek wisata. Piliana kalebet ratan pandaken gunung Binaiya ingkang dados favorit. Asring saben dinten kedah wonten rombongan tiyang ingkang badhe minggah dhateng pucuk ingkang inggilipun 3027m wonten sakinggiling sagara. Lare-lare mudha ing mrika dipunajari dados juru wisata ingkang sae.

Dereng malih papan wisata mata air Ninifala ing sakpinggiring Piliana. kono, air Ninifala nggadhahi kandutan oksigen ingkang inggil. medal plendhungan2 alit ingkang ndadosaken toyanipun warni biru semu abu-abu. Sanajan tebih saking kutha, toya Ninifala menika rame dipunrawuhi saben dinten. Pandhaken Binaoya lan mata air Ninifala kalebet setunggal paket wisata. Kangge nyekapaken Piliana minangka kampung wisata, carlos sampun nandur atusan anakan woh-wohan rambutan ing latar griyanipun warga. Samangke rambutan dados oleh-oleh kangge para rawuh saking mrika. “rambutan menika kula tandur piyambak. Masyarakat kula suwun ngrumati. Tiyang gunung menika kedah purun tumut menapa ingkang kita lampahi, boten punapa ingkang kita kendhikakaken. Mergawe lan sanesipun badhe tumut“, ngendikanipun carlos. Boten ngantos tigang warsa malih, rambutan ing Piliana sampun awoh. Ngrabeni tiyang estri gunung jebul tasih kathah kampung ingkang langkung kaisolir sanesipun Piliana. Kampung menika saged dipunlampahi kanthi mlampah antawis tigang jam saking Piliana. Kathah lare ing kampung-kampung menika boten sekolah. Lare-lare ugi kirang tinarbuka kaliyan warga Piliana. Dance Latumutuani lajeng pikantuk penggalih kangge mbikak sambetan kaliyan salah satunggaling kampung, inggih menika Lossa.

Sawijining dinten piyambakipun ngendika dhumateng kulawarganipun ing Piliana supados nyandhing tiyang estri ing kampung Lossa. Kulawarga kasuwun manggihi sesepuh kampung kangge nyuwun pirsa menapa wonten estri prawan ingkang kenging rabi. Menawi wonten, piyambakipun badhe ngrabeni. “wekdal menika kulawarga ngendika kula sampun edan amargi kasuwun nyandhing tiyang ingkang dereng tepang, nanging kula sanjang boten menapa. Penggalih kula, kanthi kula ngrabeni tiyang estri kampung, para warga badhe tinarbuka“, ngendikanipun.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Herin, Frans; Pati (2018-11-27). "Carlos Titahena, jalan panjang memahami orang gunung". kompas.