Clapar, Karanggayam, Kebumen

Dari Wikipedia bahasa Indonesia, ensiklopedia bebas
Clapar
Peta lokasi Desa Clapar
Negara Indonesia
ProvinsiJawa Tengah
KabupatenKebumen
KecamatanKaranggayam
Kode pos
54365
Kode Kemendagri33.05.21.2008
Luas6.295 km²
Jumlah penduduk2357 jiwa
Kepadatan374 jiwa/km²

Clapar adalah satu dari 19 desa yang berada di kecamatan Karanggayam, Kebumen, Jawa Tengah, Indonesia. Merupakan Desa yang terletak di sebelah utara wilayah Kabupaten Kebumen, desa Clapar memiliki luas 629.5 Hektar dengan jumlah penduduk kurang lebih 2.349 Jiwa(Per Desember 2023) dengan kepadatan penduduk 373 jiwa/km2, dimana sebelah utara desa Clapar berbatasan dengan desa Gunungsari, sebelah selatan desa Karangtengah, sebelah barat desa Pagebangan dan sebelah timur desa Logandu. Sebagian Penduduk desa Clapar berprofesi sebagai Petani, dimana produksi pertanian unggul di desa ini berupa Padi dan Tembakau.

Sejarah & Adat Tradisi[sunting | sunting sumber]

Desa Clapar memiliki banyak sejarah, kepercayaan, adat istiadat serta tradisi yang masih melekat sampai saat ini, beberapa sejarah dibuktikan dengan peninggalan berupa Pusaka Pangeran Untung Suropati yang tersimpan dan terawat dirumah bandung serta makam yang dipercayai oleh masyarakat sebagai makam Mbah Kepadangan yang berlokasi di wilayah Depok, Dukuh Sumberan, Desa Clapar. Adapun Papan Informasi garis keturunan Pangeran Untung Suropati (Mbah Kepadangan) terpampang di balai Malang Makam Panembahan. Adat dan Tradisi yang masih terus dilestarikan antara lain; Baritan atau Tayub atau Marungan, Ruwat Bumi, Segala bentuk selametan atau Kenduri, dll.

Adat Tradisi Barit 2023

Baritan[sunting | sunting sumber]

Baritan atau Marungan atau Tayuban merupakan adat tradisi yang biasa Baritan biasa dilakukan setelah panen raya padi masyarakat setempat. Baritan disebut juga sedekah bumi, dimana sedekah bumi merupakan bentuk rasa syukur kepada Tuhan Yang Maha Esa atas segala limpahan hasil panen yang didapat warga. Baritan biasanya dilakukan setelah melaksanakan kegiatan Lubaran ( Selamatan Kenduren yang biasa dilakukan wilayah lingkup RT, dimana setiap Keluarga yang memiliki Hewan Peliaharaan ternak seperti sapi membuat kendurenan masing-masing) , setelah itu menjelang siang sampai sore bahkan malam baritan ini biasa dilakukan dalam satu panggung yang sudah dipersiapkan.

Artikel : https://clapar.kec-karanggayam.kebumenkab.go.id/index.php/web/artikel/4/231

Adat Tradisi Ruwat Bumi 2023

Ruwat Bumi[sunting | sunting sumber]

Ruwat Bumi atau Merti Bumi adalah sebuah tradisi warga masyarakat desa sebagai ungkapan rasa syukur atas hasil panen yang diperoleh dari bumi. Pengharapan setahun kedepan, serta penghormatan kepada leluhur. Ruwat juga memiliki artinya mengumpulkan dan merawat. Yang dikumpulkan dan dirawat adalah masyarakat dan hasil buminya.

Artikel : https://clapar.kec-karanggayam.kebumenkab.go.id/index.php/web/artikel/4/401

"Sejarah Makam Panembahan Mbah Kepadangan "Untung Suropati" dalam bahasa jawa[sunting | sunting sumber]

UNTUNG SURAPATI

Untung Surapati miyos ing mataram nalika dinten jum’at legi sasi sura tahun 1661 masehi, kanthi jeneng timure R.M. Sudarmaji putra saking Sunan Amangkurat Mas ing Mataram, cucu Sultan Agung Hanyokrokusuma.

Nalika R.M. Sudarmaji taksih wonten ing guwagarbanipun ibu, kanggo jangga keslametane, Ibunipun dipunsingitake wonten ing papan dunungipun Pangeran Kajoran. Ing wekdal semanten garwanipun Pangeran Kajoran ugi nembe ngandhut, lan boten kanyana manawi miyosipun ugi nyarengi, pramila tuwuh ing panggalih supados nglintu jabang bayi ingkang katemben lahir punika kaliyan putranipun Sunan Amangkurat ugi ingkang katemben lahir.

Ing sawatara dina, Pengeran Kajoran karawuhan Raja Buleleng saking Bali kang nduweni sedya ngasuh putrane minangka putra angkatipun. dados mboten mokal manawa putra ingkang dipun asuh Raja Buleleng punika sanes putranipun Pangeran Kajoran, nanging sejatosipun R.M. Sudarmaji putra saking Sunan Amangkurat Mas ing Mataram.

Wonten ing Bali, R.M. Sudarmaji dipungantos nami untung. sabanjure diparingi ngelmu kanuragan, apa dene olah batin lan kapribaden liyane.

Sesampunipun dewasa, Untung nduweni cita- cita kanggo ngangsu kawruh ing tanah jawa. kang mangkono iku ndadekake Raja Buleleng pasrah lan kudu ngrestoni kang dadi kekarepane, sanajan kathi ati kang abot kudu pepisahan kalawan putrane.

Kanggo tekan ing tanah jawa penjenengane kudu nyabrang sarana prahu. nganti tekan kang dadi lakune ing tanah jawa.

Sanajan prahu kang ditumpaki mau katrajang angin kang banget gedhe nganti panjenengane kagawa ombake banyu segara nganti kandeg ing pesisir banyuwangi.

Ing banyuwangi Untung ditulungi dening sawijining nelayan, lan ing wektu iku uga ana bangsawan walanda kang aran Kapten Moor kang kasengsem dhateng praupane, sabanjure kepengen nduweni panjenenganipun, lan supaya kersa ndherek dhateng Batavia.

Ing Batavia panjenengane dipundadosaken pambantu dening Kapten Moor. kawiwitan saka gantine dina majune wektu lan tambahing kaprigelan uga praupane kang banget nengsemake, nganti narik kawigatene kang putra, yaiku kang aran Susana, saka rasa asih iku mau njalari panjenengane dipunangkat minangka punggawa prajurit kompeni.

Nalika panjenengane dados prajurit kompeni, kanthi sarana sesingitan kersa sabiyantu mbelani pribumi kanggo numpes walanda, ngantos ing tembenipun Kapten Moor nyumerepi tumindakipun, sesampunipun nampi palapuran saking prajurit sanes, ingwusana panjenengane dipundhawuhi ngadhep lan disuwun maneh kalungguhane saka prajurit kompeni, sabanjure uga dijeblosake ing pakunjaran.

Sajroning pakunjaran panjenengane kersa sesrawungan, lan kathah tetepungan saka pirang- pirang daerah, antarane : saka Bugis, Madura, Betawi, Bali, lan Nagari Cina. nanging kang banget rumaket dadi memitran yaiku kang aran Tan Boen Saka Cina, lan Jalandria saka Bali kang tembene dadi abdi kapercayan.

Saka gedhene tekad lan kapercayan iku mau panjenengane bisa uwal ninggalake pakunjaran bebarengan tawanan liyane, lan ing kana bisa nyawiji kanggo nerusake perjuangan, kadosta ing Cirebon, Pekalongan, Banyumas, Dieng lan ing Surakarta.

Prastawa tumpese Kapten Tack dening prajurit Untung ing Surakarta, ing kana njalari kompeni tansah gething lan ngupadi ana ing ngendi papan dununge kang dadi panggonane Untung.

Mundhi dhawuh pangandikanipun sang rama, Untung supaya enggal- enggal tindak dhateng Cirebon, ingkang saperlu kanggo nyuwun pangayoman dhateng Sunan Cirebon, awit kuwatos bilih badhe wonten pangamuking kompeni. Sesampunipun wonten ing Cirebon, Kanjeng Sunan Cirebon ugi paring pituduh marang Untung, supaya nyuwun pangayoman ana ing padhepokan Sunan Gunung Jati, ingkang dipunpimpin dening putrane, kang aran Pangeran Suropati. nanging satekane ana ing pedhepokan Sunan Gunung Jati, pangeran Suropati ora bisa nampa Untung kanthi remen, ing semu benten pamanggih kaliyan Untung, ing wusana ndadekake pancakara, Pangeran Suropati kaseser ing akhire nganti tumekaning pati.

Prastawa punika dipunaturaken dhumateng Sunan Cirebon. Sunan Cirebon paring dhawuh supados jeneng Suropati bisa manjing nyawiji kanggo njangkepi jeneng Untung, kang mengkone dadi sebutan Untung Surapati.

Sakondure ing Surakarta, Untung Surapati dipunutus supados ngluruk wonten ing pasuruhan numpes rerusuh kang dipandhegani deneng Adipati Cakraningrat, lan Untung Surapati bisa kasil numpes pambrontak pasuruhan kanthi sedane Adipati Cakraningrat. Ing tahun 1701 panjenenganipun winisuda minangka ngaluhur ing pasuruhan nggentosi Adipati Cakraningrat kanthi gelar Adipati Aria Wiranegara.

Ing tahun 1705 Pasuruhan dipungempur dening walanda, kang njalari Untung Surapati kudu ninggalake pasuruhan, nanging sadurunge ninggalake pasuruhan panjenengane nemahake pusaka, saka kaluhurane pusaka bisa ganti wujud kaya dene salirane.

Kompeni walanda percaya manawa Untung Surapati (daden)) iku wujud kang sanyatane.

Sabanjure Untung Surapati aweh ngerti marang Boen lan Jalandria supaya ndherekake lakune njujug menyang Surakarta. nanging ing Surakarta uga wis dijaga dening kompeni walanda, pramila panjenengane banjur nerusake laku ngulon prapase, papan kang diliwati yaiku Jogja, Purworejo, Kebumen, lan akhire nganti tekan ing desa Pawinihan.

Panjenengane kapanggih kalawan lurah, ingkang nami Wanaita. Lurah Wanaita saged nampi rawuhipun kanthi panyuwunan manawa panjenengane bisa ngilangake pageblug (reretu ) ing desa pawinihan.

Sasampunipun Untung Surapati nyanggupi lan kasunyatan wis bisa ngluari kang dadi reridhuning desa pawinihan, para putra- putranipun sami sowan, ing pangajab sapa kang tekane luwih disik iku bakal dianggep putra kang luwih sepuh, saka putra- putranipun ingkang sami sowan antawisipun kawiwitan Somadiwangsa, kasusul Adisana, Mertadiwangsa, Nayadiwangsa, lan ingkang pungkasan Mas Kumambang Kali Wuluh Banjarnegara.

Dipunsebutaken ugi bilih panjenengaipun ingkang nurunaken Bupati- bupati ing zaman rumiyin.

Sinaosa sampun mesangrah wonten ing desa pawinihan, nanging kawontenanipun tansah dipunmangertosi dening kompeni walanda, katitik walanda lan utusanipun saged dumugi ing padhepokan Untung Surapati.

Untung Surapati tanggap ing sasmita, pramila daya- daya sigra cancut ngrasuk ageman tetanen, mbudidaya murih bisa uwal saka kompeni walanda, kanthi ngelmunipun. saking karsaning Gusti Allah ingkang Maha Kuasa Untung Surapati nuli ngandika dhateng walanda “ Manawa kabeh warga desa pawinihan punika tiyang ingkang olah tetanen ( sinambi nudhuhake sakiwa tengene umah lan adohing panyawang ) sanalika kang sinawang kaya- kaya dadi tanduran pari, ingkang sanyatane amung suket alang- alang wae, ing wusana walanda ninggalake papan kasebut tanpa nggawa kasil.

Karana suket alang- alang kang sinawang kaya dene pari mau amung sakeclapan, utawa sakeclapan katon pari, mangka kanggo pangeling- eling, desa pawinihan sateruse sinebut desa clapar saka tembung sakeclapan katon pari.

Kanggo nyingitake Jatidhirinine dhateng kompeni walanda panjenengane ngawontenaken pamulangan awujud padhepokan minangka sarana pangajian lan wirit utawi medhar ngelmu sarta wejangan, petuah, solusi ( pepadhang ), pramila ing masyarakat katelah Mbah Kepadhangan.

Panjenenganipun manggen wonten ing desa clapar ngantos sasedanipun, nalika yuswa 110 tahun ( tahun 1661- 1771 ), pasarehanipun lajeng dipun keramataken dening putra wayahipiun lan dipun sebat kanthi asma Mbah Kepadhangan.

Ing wekdal sapunika pasarehanipun kangge sarana ziarah leluhur, awit Mbah Kepadhangan Untung Surapati kalebet salah satunggaling suhada.

Kanggo ngluhuraken asmanipun sapunika dipunwujudaken wontenipun Yayasan Pendidikan Kesejahteraan Masyarakat yaiku MTs Kepadhangan Clapar.

"sumber cerita dari Juru Kunci Makam Panembahan Mbah Kepadangan Alm. Mbah Suparjo"

Media Sosial :

ᐒ Liputan Ratih TV di Makam Panembahan Mbah Kepadangan

https://www.youtube.com/watch?v=JgPUKbqc4W0&t=48s

ᐒ Website  :

https://clapar.kec-karanggayam.kebumenkab.go.id/

ᐒ Facebook :

https://facebook.com/clapar.karanggayam

ᐒ Instagram :

https://www.instagram.com/pemdesclapar

ᐒ Youtube :

https://www.youtube.com/watch?v=u4xfmMXVxvs

**Ditulis oleh: Nurkholis ( Jika ada kekurangan atau ketidaksesuaian dalam penulisan bisa disampaikan ke nomor : 085703198071 atau email : choliesnorr@gmail.com )